5 Sabanjure anggone merang-merang iku kalawan nguncalake undhi tanpa kabedak-bedakake, awit turune Imam Eleazar lan turune Imam Itamar ana kang dadi “para pangarep suci” lan “para pangareping Allah,” iku iya turune Eleazar lan iya turune Itamar.
6 Anadene Semaya bin Netaneel, panitrane, sawijining wong Lewi, iku nulisi jeneng-jenenge ana ing ngarsane Sang Prabu, para panggedhe Imam Zadhok, Imam Akhimelekh bin Abyatar lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsane imam-imam lan wong Lewi. Saben-saben saka trah Eleazar kajupuk kulawangsa siji, mangkono uga saka trah Itamar iya kulawangsa siji.
7 Undhian kang kawitan tumiba marang Imam Yoyarib; kang kapindho marang Imam Yedhaya;
8 kang katelu marang Imam Harim; kang kaping pat marang Imam Seorim;
9 kang kaping lima marang Imam Malkia; kang kaping nem marang Imam Miyamin;
10 kang kaping pitu marang Imam Hakos; kang kaping wolu marang Imam Abia;
11 kang kaping sanga marang Imam Yesua; kang kaping sepuluh marang Imam Sekhanya;