7 Cacahe karo para sadulure kang wus kagladhi ngidung kagem Pangeran Yehuwah -- kabeh iku padha ahli seni -- iku ana rong atus wolung puluh wolu.
8 Tuwa anom, guru lan murid, padha nguncalake undhi kanggo bubuhane.
9 Undhian kang kawitan tumiba marang Yusuf wong asaf; kang kapindho tumiba marang Gedalya karo sadulur-sadulure lan anak-anake, gunggung wong rolas;
10 Undhian kang katelu tumiba marang Zakur, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
11 kang kaping pat tumiba marang Yizri, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
12 kang kaping lima tumiba marang Netanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
13 kang kaping nem tumiba marang Bukia, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;