17 Ing sisih wetan saben dinane ana wong enem, ing sisih lor wong papat ing sisih kidul wong papat saben dinane, nanging ing gedhong pasimpenan wonge mesthi loro;
18 ing Parbar ing sisih kulon: wong papat ana ing dalan gedhe lan wong loro ana ing Parbar.
19 Iku golongan-golonganing para jaga lawang saka bani Korakh lan saka bani Merari.
20 Para wong Lewi, para sadulure tunggal suku, kang rumeksa marang barang-barang ing padalemaning Allah lan kang rumeksa barang-barang suci:
21 bani Ladan, yaiku turune Gerson kang katurunake dening Ladan, iku kulawangsane dipanggedheni dening bani Yehiel.
22 Turune Yehiel, yaiku Zetam lan Yoel sadulure, iku rumeksa marang barang-barang ing padalemane Pangeran Yehuwah.
23 Saka bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel