19 Iku golongan-golonganing para jaga lawang saka bani Korakh lan saka bani Merari.
20 Para wong Lewi, para sadulure tunggal suku, kang rumeksa marang barang-barang ing padalemaning Allah lan kang rumeksa barang-barang suci:
21 bani Ladan, yaiku turune Gerson kang katurunake dening Ladan, iku kulawangsane dipanggedheni dening bani Yehiel.
22 Turune Yehiel, yaiku Zetam lan Yoel sadulure, iku rumeksa marang barang-barang ing padalemane Pangeran Yehuwah.
23 Saka bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel
24 yaiku Sebuel bin Gersom bin Musa kang dadi lelurahing barang-barang.
25 Sanak sadulure Sebuel kang katurunake dening Eliezer yaiku Rehabya anake Eliezer, lan Yesaya anake Rehabya, lan Yoram anake Yesaya, lan Zikhri anake Yoram, lan Selomit anake Zikhri.