2 Meselemya duwe anak, yaiku Zakharia, iku kang pambarep, Yediael, anak kang angka loro, Zebaja, anak kang angka telu, Yatniel, anak kang angka papat,
3 Elam, kang angka lima, Yohanan, kang angka enem, Elyoenai, kang angka pitu.
4 Obed-Edom duwe anak, yaiku Semaya, kang pambarep, Yozabad, kang angka loro, Yoah, kang angka telu, Sakhar kang angka papat, Netaneel, kang angka lima,
5 Amiel, kang angka enem, Isakhar, kang angka pitu lan Peuletai, kang angka wolu, amarga kaberkahan dening Gusti Allah.
6 Semaya, anake Obed-Edom mau, duwe anak, kang padha dadi lelurahing kulawangsane, sabab padha wong prawira kang gagah prakosa.
7 Dene anak-anake Semaya iku yaiku Otni, Refael, Obed lan Elzabad sarta para sadulure, yaiku Elihu lan Semakhya, kabeh padha gagah prakosa.
8 Iku kabeh padha turune Obed-Edom, iya wong-wong iku dhewe, para anake lan para sadulure, kabeh padha wong gagah prakosa, sembada tumrap pagaweane, cacahe sawidak loro saka Obed-Edom.