22 Turune Yehiel, yaiku Zetam lan Yoel sadulure, iku rumeksa marang barang-barang ing padalemane Pangeran Yehuwah.
23 Saka bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel
24 yaiku Sebuel bin Gersom bin Musa kang dadi lelurahing barang-barang.
25 Sanak sadulure Sebuel kang katurunake dening Eliezer yaiku Rehabya anake Eliezer, lan Yesaya anake Rehabya, lan Yoram anake Yesaya, lan Zikhri anake Yoram, lan Selomit anake Zikhri.
26 Selomit iku karo sanak sadulure padha rumeksa marang barang-barang suci kang wus kasucekake dening Sang Prabu Dawud, para panggedhening kulawangsa, para tetindhihing wadya-bala sewu, wadya-bala satus lan para panggedhening wadya-bala.
27 Iku wus padha nyucekake barang-barang jarahan perang kanggo gawe endahing padalemane Pangeran Yehuwah.
28 Uga samubarang kabeh kang wus kasucekake dening Nabi Samuel, wong sidik, dening Sang Prabu Saul bin Kisy, dening Senapati Abner bin Ner, dening senapati Yoab bin Zeruya, malah sakehing barang kang wus kasucekake iku padha direksa dening Selomit sasanak sadulure.