29 Saka bani Yizhar yaiku Kenanya saanak-anake; iku padha kapasrahan kawajiban njaba ana ing Israel, yaiku dadi juru mranata lan dadi hakim.
30 Saka bani Hebron yaiku Hasabya sasanak-sadulure, iku padha gagah prakosa, cacahe wong sewu pitung atus; iku dipasrahi urusan paprentahan Israel ing sakulone bengawan Yarden ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Pangeran Yehuwah lan sakehe pagawean kang kagem Sang Nata.
31 Saka bani Hebron yaiku Yeria, iku kang dadi tetindhihe. Mungguh wong Hebron iki, turune lan kulawangsane, ing taun kang kaping patang puluhe jamane paprentahane Sang Prabu Dawud, katiti-priksa lan panunggalane tinemu ana gegedhug-gegedhuge kang gagah prakosa, yaiku ing Yaezer-Gilead.
32 Sanak sadulure Yeria, para wong kang gagah prakosa lan kang padha dadi lelurahing kulawangsa, ana rong ewu pitung atus. Iku padha diangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening bani Ruben, bani Gad lan saparone suku Manasye, ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Gusti Allah lan kang tumuju marang Sang Nata.