5 Amiel, kang angka enem, Isakhar, kang angka pitu lan Peuletai, kang angka wolu, amarga kaberkahan dening Gusti Allah.
6 Semaya, anake Obed-Edom mau, duwe anak, kang padha dadi lelurahing kulawangsane, sabab padha wong prawira kang gagah prakosa.
7 Dene anak-anake Semaya iku yaiku Otni, Refael, Obed lan Elzabad sarta para sadulure, yaiku Elihu lan Semakhya, kabeh padha gagah prakosa.
8 Iku kabeh padha turune Obed-Edom, iya wong-wong iku dhewe, para anake lan para sadulure, kabeh padha wong gagah prakosa, sembada tumrap pagaweane, cacahe sawidak loro saka Obed-Edom.
9 Dene Meselemya duwe anak wolulas, klebu sadulure, iku wong gagah prakosa.
10 Hosa saka bani Merari uga duwe anak, yaiku Simri, iku dadi lelurah sabab sanadyan dudu anak mbarep, nanging didadekake lelurah dening bapakne --
11 nuli Hilkia, anak kang angka loro. Tebalya, kang angka telu lan Zakharia, kang angka papat. Anak lan sadulure Hosa iku ana telulas.