9 Dene Meselemya duwe anak wolulas, klebu sadulure, iku wong gagah prakosa.
10 Hosa saka bani Merari uga duwe anak, yaiku Simri, iku dadi lelurah sabab sanadyan dudu anak mbarep, nanging didadekake lelurah dening bapakne --
11 nuli Hilkia, anak kang angka loro. Tebalya, kang angka telu lan Zakharia, kang angka papat. Anak lan sadulure Hosa iku ana telulas.
12 Golongan-golonganing kang padha jaga lawang, kang kabage-bage miturut lelurahing kulawarga iku kawajiban leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha kaya sadulur-sadulure tunggal suku.
13 Kanggo saben gapura anggone njaga sarana nguncalake undhi, manut kulawangsa-kulawangsane, tumrap kulawangsa kang gedhe lan iya tumrap kang cilik.
14 Undhian kanggo lawang wetan tumiba marang Selemya; sabanjure padha nguncalake undhi kanggo Zakharia, anake sawijining juru pirembug kang wasis, tumibaning undhian kanggo lawang lor.
15 Kanggo Obed-Edom lawang kidul lan kanggo anak-anake gedhong pasimpenan.