1 Anadene wong Israel, iki pratelane para leluhure kulawangsa, para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus, tuwin para punggawane kang leladi marang Sang Prabu ing bab sakehe prakara kang gegayutan karo para wong kang tumindak ing gawe lan kang libur ing saben sasi-sasine, ing dalem setaun. Saben sagolongan ana wong patlikur ewu.
2 Kang dadi kepalaning golongan kapisan kanggo ing sasi kapisan yaiku Sang Yasobam bin Zabdiel lan golongane iku wonge ana patlikur ewu.
3 Sang Yosabam iku turune Rama Peres lan dadi tetindhihe sakehing panggedhe ing sasi kapisan.
4 Kang dadi kepalaning golongan ing sasi kapindho yaiku Sang Dodai, wong Ahohi, dene kang mimpin golongane kang wonge ana patlikur ewu iku, yaiku Sang Miklot.
5 Panggedhe kang katelu ing sasi kang katelu iku Sang Benaya, putrane Imam Agung Yoyadha, golongane iku wonge ana patlikur ewu.