16 Kang dadi kepalane suku-suku Israel yaiku: bani Ruben dipimpin dening Sang Eliezer bin Zikhri; bani Simeon pimpinane Sang Sefaca bin Maakha;
17 kanggo suku Lewi Sang Hasabya bin Kemuel; kanggo tedhake Imam Harun yaiku Imam Zadhok;
18 kanggo suku Yehuda yaiku Sang Elihu, salah sawijine sadhereke Sang Prabu Dawud; suku Isakhar dipimpin dening Sang Omri bin Mikhael;
19 kanggo suku Zebulon yaiku Sang Yismaya bin Obaja; kanggo suku Naftali yaiku Sang Yerimot bin Azriel;
20 kanggo bani Efraim yaiku Sang Hosea bin Azazya; kanggo saparone suku Manasye yaiku Yoel bin Pedhaya;
21 kanggo separone suku Manasye kang ana ing Gilead yaiku Sang Yido bin Zakharia; kanggo suku Benyamin yaiku Sang Yaasiel bin Abner;
22 kanggo suku Dhan yaiku Sang Azareel bin Yeroham. Iku para kepalaning suku-suku Israel.