3 Sang Yosabam iku turune Rama Peres lan dadi tetindhihe sakehing panggedhe ing sasi kapisan.
4 Kang dadi kepalaning golongan ing sasi kapindho yaiku Sang Dodai, wong Ahohi, dene kang mimpin golongane kang wonge ana patlikur ewu iku, yaiku Sang Miklot.
5 Panggedhe kang katelu ing sasi kang katelu iku Sang Benaya, putrane Imam Agung Yoyadha, golongane iku wonge ana patlikur ewu.
6 Sang Benaya iki klebu gegedhug telung puluh iku, lan dadi tetindhihe wong telung puluh iku nanging kang mimpin golongane yaiku Sang Amizabad, putrane.
7 Kang kaping pat kanggo ing sasi kang kaping pat yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, ing sapungkure iku banjur kagentenan Sang Zebaja, putrane, dene golongane mau wonge ana patlikur ewu.
8 Kang kaping lima kanggo ing sasi kalima yaiku Sang Samhut bin Yizrah, iku sawijining panggedhe, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
9 Kang kaping enem kanggo ing sasi kanem yaiku Sang Ira bin Ikesy saka ing Tekoa, dene golongane wonge ana patlikur ewu.