8 Kang kaping lima kanggo ing sasi kalima yaiku Sang Samhut bin Yizrah, iku sawijining panggedhe, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
9 Kang kaping enem kanggo ing sasi kanem yaiku Sang Ira bin Ikesy saka ing Tekoa, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
10 Kang kaping pitu kanggo ing sasi kapitu yaiku Sang Heles wong Peloni, saka bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
11 Kang kaping wolu kanggo ing sasi kawolu yaiku Sang Sibekhai, wong ing Husa, turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
12 Kang kaping sanga kanggo sasi kasanga yaiku Sang Abiezer, wong ing Anatot, panunggalane bani Benyamin, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
13 Kang kaping sapuluh kanggo sasi kasapuluh yaiku Sang Maharai, wong ing Nefota, iku turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
14 Kang kaping sewelas kanggo ing sasi kasewelas yaiku Sang Benaya, wong ing Piraton, panunggalane bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.