1 Babad 28:1-7 JAV

1 Kacarita Sang Prabu dawud nglempakake sakehing panggedhe Israel, yaiku para tetindhihing suku, para panggedhening golongan kang ngladeni Sang Prabu, para panggedhening wadya-bala sewu lan panggedhening wadya-bala satus, sarta para kang padha nglurahi raja-brana lan raja-kayane Sang Prabu lan para putrane; karodene para punggawa kraton lan para prawira tuwin sakehe gegedhug kang gagah parkosa.

2 Sang Prabu Dawud banjur jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, heh para saduluringsun lan bangsaningsun! Ingsun kagungan karsa arep yasa dalem pangasoan kanggo pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah lan kagem ancik-anciking sampeyane Gusti Allah kita; ingsun uga wus cecawis kanggo kapreluan iku.

3 Nanging Gusti Allah wus ngandika marang ingsun:Sira ora bakal yasa padaleman kagem asmaningSun, amarga sira iku prajurit lan wus ngwutahake getih.

4 Anadene Pangeran Yehuwah, Gustu Allahe Israel, wus kepareng milih ingsun saka ing antarane sakehe kulawangsaningsun kadadekake ratu ing Israel kanggo ing salawas-lawase; amarga Panjenengane wus milih Yehuda dadi pemimpin, lan kulawangsaningsun saka ing antarane bani Yehuda, sarta saka ing antarane para putrane ramaningsun, Panjenengane kepareng njumenengake ingsun dadi ratu ing saindenging Israel.

5 Sabanjure saka ing antarane putra-putraningsun kabeh -- amarga Pangeran Yehuwah wus paring ganjaran anak akeh marang ingsun -- Panjenengane wus milih putraningsun Suleman supaya nglenggahi dhampar paprentahaning Pangeran Yehuwah ana ing Israel.

6 Panjenengane wus ngandika marang ingsun: Suleman, anakira, iku kang bakal yasa padalemaningSun lan plataraningSun, sabab iku wus Sunpilih Sundadosake putraningSun sarta Ingsun bakal dadi ramane.

7 Karodene Ingsun bakal nyantosakake karajane nganti ing salawas-lawase, uger dheweke tansah nindakake sakehing dhawuh lan pranataningSun kayadene saiki iki.