1 Babad 28:11-17 JAV

11 Sang Prabu banjur masrahake marang Pangeran Suleman, kang putra, rancangan cengkoronganing pandhapane Padaleman suci dalasan gedhong-gedhonge, gedhong pasimenan, kamar-kamar ndhuwur lan kamar-kamar ing jero sarta kamar kanggo tutup-pangruwatan.

12 Sateruse uga rancangan samubarang kang wus digalih bab plataraning padalemane Pangeran Yehuwah lan kamar-kamar ing sakubenge, bab prabot-praboting padalemane Gusti Allah sarta pasimpenaning barang-barang sengkeran;

13 bab golongan-golonganing para imam lan para wong Lewi tuwin bab sakehing ajaran kang tumuju marang pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah apadene sakehing barang kang kanggo ing pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

14 Sang Nata uga maringake emas sabobote kang kabutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah; sarta iya maringake salaka sabobote kang dibutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah,

15 yaiku emas kanggo padamaran emas, bobote sapira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine padamaran lan damare, lan salaka kanggo gawe padamaran salaka, bobote sapira kang dibutuhake kanggo saben padamaran lan damare, cundhuk karo panganggone saben padamaran ing sajroning pangibadah.

16 Sawuse mangkono uga maringi emas kanggo gawe meja roti sesaosan kanggo siji-sijine meja, tuwin salaka kanggo gawe meja salaka;

17 sateruse uga emas murni kanggo gawe porok; lan bokor panyiraman sarta kendhi, uga kanggo gawe tuwung emas, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung, apadene salaka kanggo gawe tuwung salaka, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung;