1 Babad 28:16-21 JAV

16 Sawuse mangkono uga maringi emas kanggo gawe meja roti sesaosan kanggo siji-sijine meja, tuwin salaka kanggo gawe meja salaka;

17 sateruse uga emas murni kanggo gawe porok; lan bokor panyiraman sarta kendhi, uga kanggo gawe tuwung emas, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung, apadene salaka kanggo gawe tuwung salaka, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung;

18 uga emas kang wus kasengker kanggo gawe misbyah pangobongan dupa, bobote sepira kang dibutuhake, sarta emas kanggo gawe kreta-kretanan kanggo numpangake kerub loro-lorone, kang ngegarake swiwine kanggo ngayomi pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah.

19 Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”

20 Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.

21 Lah golonganing para imam lan para wong Lewi wus cumawis kango sakehing pangibadah ana ing padalemaning Allah, lan wus ana wong sawetara kang kanthi legawaning ati arep mbiyantu sira, kang ahli ing bab nindakake saben pagawean. Mangkono uga para pemimpin lan rakyat iki kabeh iya padha cumadhang marang apa kang sira dhawuhake.”