1 Sang Prabu Dawud ngandika marang wong sapasamuwan kabeh: “Suleman, kang kapilih dhewe dening Gusti Allah, iku isih enom lan kurang pangalaman, mangka pagawean iki gedhe, saba padaleman iki ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah Allah.
2 Sabisa-bisaningsun ingsun wus cecawis kanggo padalemaning Gusti Allahingsun, yaiku emas kanggo gawe barang-barang emas, salaka kanggo gawe barang-barang salaka, tembaga kanggo gawe barang-barang tembaga, wesi kanggo gawe barang-barang wesi, lan kayu kanggo gawe barang-barang kayu, sesotya soham lan sesotya kang kanggo ing embanan, sesotya ireng lan sesotya kang manca warna, sarta sawernane sesotya kang larang apadene marmer putih akeh banget.
3 Sarta maneh marga saka tresnaningsun marang padalemaning Allahingsun, minangka wuwuhe sakehe barang kang wus suncawisake kanggo dalem pasucen, iki ingsun iya nyaosake marang padalemaning Allahingsun lan salaka kagunganingsun piyambak
4 emas telung ewu talenta, yaiku emas weton ing tanah Ofir, lan salaka tulen pitung ewu talenta kanggo nglapisi temboking gedhong-gedhong,
5 yaiku emase kanggo barang-barang emas, lan salakane kanggo barang-barang salaka sarta kanggo sabarang kang digawe dening para tukang. Mulane sapa kang ing dina iki kanthi eklas nyaosake pisungsung marang Pangeran Yehuwah?”