1 Babad 29:11-17 JAV

11 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.

12 Amargi kasugihan saha kamulyan punika pinangkanipun saking Paduka saha Paduka ingkang nguwaosi samukawis; kakiyatan saha kaunggulan punika wonten ing asta Paduka; Paduka ingkang ngasta pangwaos ngagengaken saha nyantosakaken samukawis sadaya.

13 Sapunika, dhuh Allah kawula, kawula sadaya sami ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka saha sami ngluhuraken asma Paduka ingkang agung punika.

14 Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.

15 Amargi kawula punika sami tiyang manca wonten ing ngarsa Paduka saha sami tiyang neneka sami kadosdene leluhur kawula sadaya; dinten kawula wonten ing bumi punika kados wewayangan saha sami boten gadhah pangajeng-ajeng.

16 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, barang-barang ingkang kathahipun ngantos samanten, ingkang sami kawula cawisaken punika badhe kangge ngyasakaken padaleman Paduka, kagem asma Paduka ingkang suci, punika sadaya piangkanipun saking asta Paduka piyambak saha sadaya punika kagungan Paduka.

17 Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.