18 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Eyang Abraham, Iskak saha Israel, para leluhur kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nglestantunaken manahipun umat Paduka ingkang kados makaten punika sarta manahipun mugi tansah Paduka adhepaken dhumateng Paduka.
19 Salajengipun Paduka karsaa maringi manah ingkang tulus dhumateng Suleman, anak kawula, supados saged tansah gondhelan dhumateng ing sakathahing dhawuh Paduka tuwin pepenget Paduka sarta pranatan Paduka, punapa dene saged nglampahi punika sadaya saha saged yasa padaleman, ingkang sampun kawula cawisi samudayanipun punika.”
20 Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong sapasamuwan kabeh iku: “Padha memujia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira!” Wong sapasamuwan kabeh nuli padha memuji marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, tumuli padha jengkeng sujud marang Pangeran Yehuwah tuwin marang Sang Nata.
21 Esuke padha saos kurban sembelehan lan kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, yaiku sapi sewu, wedhus lanang sewu, cempe sewu, kalawan kurban-kurban unjuk-unjukan sarta kurban sembelehan akeh banget demi Israel kabeh.
22 Ing dina iku banjur padha mangan lan ngombe ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan kabungahan gedhe; sawuse iku tumuli padha mindhoni anggone njumenengake dadi ratu Pangeran Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, sarta njebadi panjenengane anggone jumeneng ratu kagem Pangeran Yehuwah lan uga njebadi Zadhok dadi imam.
23 Sang Prabu Suleman tumuli lenggah nggentosi Sang Prabu Dawud, kang rama, ing dhampar kaprabon kang katetepake dening Sang Yehuwah, lestari anggone jumeneng, lan saben wong Israel mituhu marang pangandikane.
24 Sakehe pemimpin lan para prawira sarta uga para putrane Sang Prabu Dawud padha ngakeni pangwaose Sang Prabu Suleman.