1 Babad 29:2-8 JAV

2 Sabisa-bisaningsun ingsun wus cecawis kanggo padalemaning Gusti Allahingsun, yaiku emas kanggo gawe barang-barang emas, salaka kanggo gawe barang-barang salaka, tembaga kanggo gawe barang-barang tembaga, wesi kanggo gawe barang-barang wesi, lan kayu kanggo gawe barang-barang kayu, sesotya soham lan sesotya kang kanggo ing embanan, sesotya ireng lan sesotya kang manca warna, sarta sawernane sesotya kang larang apadene marmer putih akeh banget.

3 Sarta maneh marga saka tresnaningsun marang padalemaning Allahingsun, minangka wuwuhe sakehe barang kang wus suncawisake kanggo dalem pasucen, iki ingsun iya nyaosake marang padalemaning Allahingsun lan salaka kagunganingsun piyambak

4 emas telung ewu talenta, yaiku emas weton ing tanah Ofir, lan salaka tulen pitung ewu talenta kanggo nglapisi temboking gedhong-gedhong,

5 yaiku emase kanggo barang-barang emas, lan salakane kanggo barang-barang salaka sarta kanggo sabarang kang digawe dening para tukang. Mulane sapa kang ing dina iki kanthi eklas nyaosake pisungsung marang Pangeran Yehuwah?”

6 Ing kono para tetindhihing kulawangsa lan para tetindhihing suku Israel sarta para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus apadene para leluhuring pagawean kagem Sang Nata banjur padha ngaturake kasaguhane kalawan legawaning ati.

7 Padha ngaturake kanggo pangibadah ing padalemaning Allah emas limang ewu talenta lan sapuluh ewu darika, salaka sapuluh ewu talenta lan tembaga wolulas ewu talenta sarta wesi satus ewu talenta.

8 Kang duwe sesotya padha masrahake iku marang Yahiel, turune Gerson, minangka betamaling padalemane Pangeran Yehuwah.