21 Esuke padha saos kurban sembelehan lan kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, yaiku sapi sewu, wedhus lanang sewu, cempe sewu, kalawan kurban-kurban unjuk-unjukan sarta kurban sembelehan akeh banget demi Israel kabeh.
22 Ing dina iku banjur padha mangan lan ngombe ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan kabungahan gedhe; sawuse iku tumuli padha mindhoni anggone njumenengake dadi ratu Pangeran Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, sarta njebadi panjenengane anggone jumeneng ratu kagem Pangeran Yehuwah lan uga njebadi Zadhok dadi imam.
23 Sang Prabu Suleman tumuli lenggah nggentosi Sang Prabu Dawud, kang rama, ing dhampar kaprabon kang katetepake dening Sang Yehuwah, lestari anggone jumeneng, lan saben wong Israel mituhu marang pangandikane.
24 Sakehe pemimpin lan para prawira sarta uga para putrane Sang Prabu Dawud padha ngakeni pangwaose Sang Prabu Suleman.
25 Pangeran Yehuwah ndadosake Sang Prabu Suleman luhur luwih dening banget ana ing ngarepe wong Israel kabeh lan maringi marang panjenengane kaagunganing karajan kaya kang durung tau dialami dening sakehe ratu ing Israel kang ngasta paprentahan sadurunge panjenengane.
26 Kaya mangkono anggone Sang Prabu Dawud putrane Sang Isai wus ngasta paprentahan ing saindenging tanah Israel.
27 Anggone ngratoni wong Israel lawase patang puluh taun; ana ing Hebron pitung taun lan ana ing Yerusalem anggone jumeneng telung puluh telu taun.