27 Anggone ngratoni wong Israel lawase patang puluh taun; ana ing Hebron pitung taun lan ana ing Yerusalem anggone jumeneng telung puluh telu taun.
28 Sang Nata banjur seda, yaiku bareng wus pethak remane, wus sepuh ing yuswa, sugenge kebak kasugihan lan kamulyan; Pangeran Suleman kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
29 Mungguh riwayate Sang Prabu Dawud wiwit wiwitan nganti wekasan, iku katulisan ana ing riwayate Nabi Samuel, wong sidik, lan ana ing riwayate Nabi Natan sarta ing riwayate Nabi Gad, wong sidik,
30 iya bab sugenge kabeh nalika jumeneng ratu lan kaprawirane, kaananing jaman kang dialami panjenengane lan kang dialami Israel sarta sakehing karajan ing nagara-nagara liyane.