4 emas telung ewu talenta, yaiku emas weton ing tanah Ofir, lan salaka tulen pitung ewu talenta kanggo nglapisi temboking gedhong-gedhong,
5 yaiku emase kanggo barang-barang emas, lan salakane kanggo barang-barang salaka sarta kanggo sabarang kang digawe dening para tukang. Mulane sapa kang ing dina iki kanthi eklas nyaosake pisungsung marang Pangeran Yehuwah?”
6 Ing kono para tetindhihing kulawangsa lan para tetindhihing suku Israel sarta para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus apadene para leluhuring pagawean kagem Sang Nata banjur padha ngaturake kasaguhane kalawan legawaning ati.
7 Padha ngaturake kanggo pangibadah ing padalemaning Allah emas limang ewu talenta lan sapuluh ewu darika, salaka sapuluh ewu talenta lan tembaga wolulas ewu talenta sarta wesi satus ewu talenta.
8 Kang duwe sesotya padha masrahake iku marang Yahiel, turune Gerson, minangka betamaling padalemane Pangeran Yehuwah.
9 Wong sabangsa padha bungah marga saka anggone padha urun kalawan legawaning ati mau, awit kalawan gumolonging ati anggone padha nyaosake pisungsung manasuka marang Pangeran Yehuwah; Sang Prabu Dawud uga rena banget ing panggalih.
10 Sang Prabu Dawud banjur memuji marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe wong sapasamuwan iku kabeh. Unjuke Sang Prabu Dawud: “Pinujia Paduka dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israel , saking kalanggengan dumugi kalanggengan.