1 Babad 29:6-12 JAV

6 Ing kono para tetindhihing kulawangsa lan para tetindhihing suku Israel sarta para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus apadene para leluhuring pagawean kagem Sang Nata banjur padha ngaturake kasaguhane kalawan legawaning ati.

7 Padha ngaturake kanggo pangibadah ing padalemaning Allah emas limang ewu talenta lan sapuluh ewu darika, salaka sapuluh ewu talenta lan tembaga wolulas ewu talenta sarta wesi satus ewu talenta.

8 Kang duwe sesotya padha masrahake iku marang Yahiel, turune Gerson, minangka betamaling padalemane Pangeran Yehuwah.

9 Wong sabangsa padha bungah marga saka anggone padha urun kalawan legawaning ati mau, awit kalawan gumolonging ati anggone padha nyaosake pisungsung manasuka marang Pangeran Yehuwah; Sang Prabu Dawud uga rena banget ing panggalih.

10 Sang Prabu Dawud banjur memuji marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe wong sapasamuwan iku kabeh. Unjuke Sang Prabu Dawud: “Pinujia Paduka dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israel , saking kalanggengan dumugi kalanggengan.

11 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.

12 Amargi kasugihan saha kamulyan punika pinangkanipun saking Paduka saha Paduka ingkang nguwaosi samukawis; kakiyatan saha kaunggulan punika wonten ing asta Paduka; Paduka ingkang ngasta pangwaos ngagengaken saha nyantosakaken samukawis sadaya.