5 Iki para putrane kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Simea, Pangeran Sobab, Pangeran Natan lan Pangeran Suleman, putra papat iku miyos saka Sang Putri Batsyua binti Amiel,
6 nuli Pangeran Yibkhar, Pangeran Elisama, Pangeran Elifelet,
7 Pangeran Nogah, Pangeran Nefeg, Pangeran Yafia,
8 Pangeran Elisama, Pangeran Elyada lan Pangeran Elifelet, gunggunge sanga.
9 Iku kabeh padha turune Sang Prabu Dawud, iku durung kapetung para putra kang saka garwa ampil. Sang putri Tamar iku sadhereke estri.
10 Sang Prabu Suleman peputra Sang Prabu Rehabeam, iki peputra Sang Prabu Abia; iki peputra Sang Prabu Asa; iki peputra Sang Prabu Yosafat;
11 iki peputra Sang Prabu Yoram;iki peputra Sang Prabu Ahazia; iki peputra Sang Prabu Yoas;