25 iki peputra Salum; iki peputra Mibsam; iki peputra Misma.
26 Turune Rama Misma yaiku Hamuel, iki putrane; iki peputra Zakur; iki peputra Simei.
27 Rama Simei iku putrane kakung ana nembelas, lan kang putri enem; nanging para sadhereke padha ora kagungan putra akeh; gotrah iki kabeh wuwuhe ora akeh kaya bani Yehuda.
28 Iku padha manggon ana ing Bersyeba, Molada, Hazar-Sual,
29 Bilha, Ezem, Tolad,
30 Betuel, Horma, Ziklag,
31 Bet-Markabot, Hazar-Susim, Bet-Biri lan ing Saaraim. Iku kutha-kuthane nganti tekan Sang Prabu Dawud jumeneng ratu.