27 Rama Simei iku putrane kakung ana nembelas, lan kang putri enem; nanging para sadhereke padha ora kagungan putra akeh; gotrah iki kabeh wuwuhe ora akeh kaya bani Yehuda.
28 Iku padha manggon ana ing Bersyeba, Molada, Hazar-Sual,
29 Bilha, Ezem, Tolad,
30 Betuel, Horma, Ziklag,
31 Bet-Markabot, Hazar-Susim, Bet-Biri lan ing Saaraim. Iku kutha-kuthane nganti tekan Sang Prabu Dawud jumeneng ratu.
32 Dene desa-desane yaiku; Etam, Ain, Rimon, Tokhem lan Asan, gunggung ana padesan lima;
33 uga sakehing dhukuhe ing sakubenge padesan-padesan iku nganti tekan ing Baal. Yaiku papan-papan kang dadi padunungane sarta iku padha duwe sarasilah dhewe-dhewe.