3 Iki para putrane Rama Etam: Yizreel, Isma lan Idbas; sadhereke estri asmane Hazelelponi;
4 nuli Pnuel, ramane Gedor, lan Ezer, ramane Husa. Iku kabeh para turune Hur, pambarepe Efrata, ramane Betlehem.
5 Rama Asyur, ramane Tekoa, garwane loro, yaiku Hela lan Naara.
6 Ibu Naara peputra Ahuzam, Hefer, Temeni lan wong Ahastari. Iku para putrane Ibu Naara.
7 Para putrane Ibu Hela yaiku Zeret, Yezohar lan Etnan.
8 Rama Kos peputra Anub, Hazobeba, lan gotrah-gotrahe Aharhel bin Harum.
9 Rama Yabes iku kang mulya dhewe ana ing antarane para sadhereke; mulane kang ibu maringi asma Yabes, awit pangandikane: “Anggonku nglairake dheweke iku kalawan ngrasakake lara.”