12 Yoel kang dadi kepalane lan Safam kang angka loro; uga Yaenai lan Safat padha manggon ing Basan.
13 Para sadhereke manut kulawargane yaiku Mikhael, Mesulam, Syeba, Yorai, Yakan, Ziya lan Eber, gunggung ana pitu.
14 Iku para putrane Rama Abihail bin Huri bin Yaroah bin Gilead bin Mikhael bin Yesisai bin Yahdo bin Bus.
15 Rama Ahi bin Abdiel bin Guni iku salah sijining kepala kulawargane.
16 Iku padha manggon ana ing Gilead ing tanah Basan lan ing sakehing kutha wewengkone lan ing sakehe tanah pangonan ing Saron nganti tekan ing poncot-poncote.
17 Wong-wong mau padha dipengeti kabeh ana ing sarasilah ing jamane Sang Prabu Yotam, ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel.
18 Panunggalane bani Ruben, wong Gad lan saparone suku Manasye ana patang puluh papat ewu pitung atus sewidak kang sembada ing perang, wong kang prigel, kang sikep tameng lan pedhang, sarta menthang gandhewa apadene kang lanteh ing perang.