19 Iku padha andon perang nglawan wong Hagri, Yetur, Nafisy lan Nedab.
20 Padha oleh pambiyantu anggone nglawan wong-wong mau, satemah wong Hagri dalah kabeh kang padha ngrewangi padha kaulungake marang ing tangane, amarga ing sajroning perang iku padha nyuwun tulung marang Gusti Allah. Panyuwune banjur dikabulake, awit padha kumandel marang Panjenengane.
21 Raja-kayane wong-wong mau padha diebeki dadi jarahan: untane seket ewu, wedhuse rong atus seket ewu lan kuldine rong ewu, uga manungsa satus ewu jiwa.
22 Akeh wong kang tiwas marga pinatenan, awit peperangan iku saka Gusti Allah. Panggonane wong-wong mau nuli padha diejegi nganti ing jaman pambuwangan.
23 Saparone suku Manasye manggon ing nagara kono wiwit saka ing tanah Basan nganti ing Baal-Hermon, Senir lan gunung Hermon. Cacah-jiwane banjur wus dadi akeh.
24 Iki para kepalaning kulawarga-kulawarga mau: Sang Hefer, Yisei, Eliel, Azriel, Yeremia, Hodawya lan Sang Yahdiel, para wong prawira kang gagah-prakosa, para wong kang misuwur, para kepalaning kulawarga-kulawargane.
25 Nanging bareng wong-wong mau padha ora setya marang Gusti Allahe para leluhure lan laku jina kanthi patrap ngeloni sakehe allahe bangsa-bangsa ing nagara kang wus kasirnakake dening Gusti Allah saka ing ngarepe,