1 Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat lan Merari.
2 Rama Kehat peputra Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.
3 Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
4 Rama Eleazar peputra Pinehas; Rama Pinehas peputra Abisua,
5 Rama Abisua peputra Buki; Rama Buki peputra Uzi;
6 Rama Uzi peputra Zerahya; Rama Zerahya peputra Merayot;
7 Rama Merayot peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;