26 iki peputra Elkana; iki peputra Zofai; iki peputra Nahat;
27 iki peputra Eliab; iki peputra Yeroham; iki peputra Elkana.
28 Para putrane Rama Samuel yaiku Yoel, iki pambajenge, dene kang angka loro yaiku Abia.
29 Para turune Rama Merari yaiku Mahli: iki peputra Libni; iki peputra Simei; iki peputra Uza;
30 iki peputra Simea; iki peputra Hagia; iki peputra Asaya.
31 Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan.
32 Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane.