42 bin Etan bin Zima bin Simei
43 bin Yahat bin Gerson, putrane Rama Lewi.
44 Kang ana ing sisih kiwa panunggalane bani Merari, para sadulur tunggal suku, yaiku Etan bin Kisi bin Abdi bin Malukh
45 bin Hasabya bin Amazia bin Hilkia
46 bin Amzi bin Bani bin Semer
47 bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi.
48 Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.