46 bin Amzi bin Bani bin Semer
47 bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi.
48 Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.
49 Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.
50 Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua;
51 iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;
52 iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub;