50 Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua;
51 iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;
52 iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub;
53 iki peputra Zadhok; iki peputra Ahimaas.
54 Iki papan padunungane manut papan-papaning pakemahane ana ing wilayahe: Tedhake Rama Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, iku ketiban undhi kang kawitan
55 iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge,
56 nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.