55 iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge,
56 nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.
57 Tedhake Rama Harun padha diwenehi kutha pangungsen Hebron, lan Libna dalah pangonan-pangonane, sarta Yatir, banjur Estemoa dalah pangonan-pangonane;
58 Hilen dalah pangonan-pangonane, Debir dalah pangonan-pangonane,
59 Asan dalah pangonan-pangonane lan Bet-Semes dalah pangonan-pangonane;
60 lan saka suku Benyamin: Geba dalah pangonan-pangonane, Alemet dalah pangonan-pangonane tuwin Anatot dalah pangonan-pangonane. Kutha-kuthane kabeh ana telulas kang kabage-bage ana ing antarane para gotrahe.
61 Anadene saluwihe turune Rama Kehat mau, sawuse kaundhi, tampa kutha sapuluh saka gotrahe suku iku, yaiku saka suku Manasye, kang saparo iku.