77 Turune Rama Merari saluwihe tampa saka suku Zebulon: Rimono dalah pangonan-pangonane lan Tabor dalah pangonan-pangonane;
78 lan ana ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho, ing sisih wetane bengawan Yarden, kang diwenehake saka suku Ruben: Bezer ing pasamunan dalah pangonan-pangonane, Yahas dalah pangonan-pangonane,
79 Kedemot dalah pangonan-pangonane lan Mefaat dalah pangonan-pangonane;
80 sarta saka suku Gad: Ramot ing Gilead dalah pangonan-pangonane, Mahanaim dalah pangonan-pangonane,
81 Hesybon dalah pangonan-pangonane tuwin Yaezer dalah pangonan-pangonane.