1 Para putrane Rama Isakhar yaiku Tola lan Pua, Yasub lan Simeon, gunggung papat.
2 Rama Tola peputra Uzi, Refaya, Yeriel, Yakhmai, Yibsam lan Samuel, iki padha dadi kepalaning turune Rama Tola, padha wong prawira kang gagah prakosa; manut daftar jamane Sang Prabu Dawud gunggunge turune ana rolikur ewu nem atus.
3 Turune Uzi yaiku Yizrahya, dene putrane Rama Yizrahya yaiku Mikhael, Obaja, Yoel lan Yisia, gunggung lima, kabeh padha dadi kepala.
4 Sangisore manut daftar turune lan manut kulawangsane, ana golongan-golongan prajurit kang cacahe telung puluh enem ewu, awit bojone lan anak-anake akeh.