22 Rama Efraim, ramane, sungkawa nganti pirang-pirang dina, temah para sadhereke padha tilik nglipur.
23 Sawuse mangkono panjenengane banjur nyareni kang garwa, wasana kang garwa mbobot lan peputra kakung, diparingi asma Beria, sabab kulawargane wus ditempuh ing bilai.
24 Putrane putri asma Seera; iku kang ngadegake Bet-Horon-Ngare lan Bet-Horon-Tengger sarta Uzen-Seera.
25 Putrane kakung Rama Beria yaiku Refah, banjur Resef; iki nurunake Telah, iki nurunake Tahan,
26 iki nurunake Ladan, iki nurunake Amihud, iki nurunake Elisama,
27 iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.
28 Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,