25 Putrane kakung Rama Beria yaiku Refah, banjur Resef; iki nurunake Telah, iki nurunake Tahan,
26 iki nurunake Ladan, iki nurunake Amihud, iki nurunake Elisama,
27 iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.
28 Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,
29 lan kang atapel-wates karo bani Manasye: Bet-Sean dalah sawewengkone kabeh, Megido dalah sawewengkone kabeh, Dhor dalah sawewengkone kabeh. Para tedhake Rama Yusuf, putrane Rama Israel padha manggon ana ing dhaerah-dhaerah kono.
30 Para putrane Rama Asyer yaiku Yimna, Yiswa lan Beria; sadhereke estri asma Serah.
31 Para putrane Rama Beria yaiku Heber lan Malkiel; iki nurunake Birzait.