3 Turune Uzi yaiku Yizrahya, dene putrane Rama Yizrahya yaiku Mikhael, Obaja, Yoel lan Yisia, gunggung lima, kabeh padha dadi kepala.
4 Sangisore manut daftar turune lan manut kulawangsane, ana golongan-golongan prajurit kang cacahe telung puluh enem ewu, awit bojone lan anak-anake akeh.
5 Para sadulure tunggal taler panunggalane gotrahe Rama Isakhar, iku padha wong prawira kang gagah prakosa, kabeh ana wolung puluh pitu ewu, kang padha kacathetan ana ing sarasilah.
6 Para putrane Rama Benyamin yaiku Bela, Bekher lan Yediael, gunggung telu.
7 Para putrane Rama Bela yaiku Ezbon, Uzi, Uziel, Yerimot lan Iri, gunggung lima, padha dadi kepala kulawangsa, padha wong prawira kang gagah prakosa; kang padha kacathet ing sarasilah ana rolikur ewu telung puluh papat.
8 Para putrane Rama Bekher yaiku Zemira, Yoas, Eliezer, Elyoenai, Omri, Yeremot, Abia, Anatot lan Alemet, iku kabeh para putrane Rama Bekher.
9 Kang padha kacathet ing sarasilah, manut turune, kepala-kepala kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa, ana rong puluh ewu rong atus.