1 Wong Israel wus padha kapengetan kabeh ana ing sarasilah; padha katulisan ing bukuning para ratu ing Israel, dene wong Yehuda wus padha diboyong marang ing pambuwangan ing Babel marga saka anggone ora setya.
2 Anadene para wong kang kawitan padha manggon maneh ana ing tanah-tanah pusakane, ana ing kutha-kuthane, yaiku para wong Israel lumrah, para imam, para wong Lewi lan para abdi ing padalemaning Allah.
3 Kang manggon ing Yerusalem para wong panunggalane bani Yehuda, bani Benyamin, bani Efraim lan Manasye:
4 Rama Utai bin Amihud bin Omri bin Imri bin Bani, saka turune Rama Peres bin Yehuda.
5 Lan saka panunggalane wong Syela yaiku Rama Asaya, kang pambajeng, saputra-putrane.
6 Saka turune Rama Serah yaiku Yeuel karo sanak sadhereke, nem atus sangang puluh.