10 Saka panungalane para imam yaiku Yedaya, Yoyarib, Yakhin
11 Azarya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadhok bin Merayot bin Ahitub, pangarepe padalemaning Allah,
12 banjur Adaya bin Yeroham bin Pasyhur bin Malkia lan Masai bin Adiel bin Yahzera bin Mesulam bin Mesilemit bin Imer,
13 dalah sanak sadhereke, kabeh kepala kulawarga, sewu pitung atus sewidak, para wong kang trampil nindhakake tatapangibadah ana ing padalemaning Allah.
14 Saka panunggalane para wong Lewi yaiku Semaya bin Hasub bin Azrikam bin Hasabya, saka turune Rama Merari;
15 nuli Bakbakar, Heresy, Galal lan Matanya bin Mikha bin Zikhri bin Asaf,
16 sarta Obaja bin Semaya bin Galal bin Yedutun lan Berekhya bin Asa bin Elkana, kang padha manggon ing desa-desane wong Nefota.