21 Zakharia bin Meselemya kang dadi panjaganing lawang Tarub Pasewakan.
22 Kabeh kang kapilih dadi panjaganing lawang ana rong atus rolas. Iku wus padha kapengetan ana ing sarasilah ing desa-desane. Wong-wong mau padha katetepake ing kalenggahan iku dening Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel, wong sidik.
23 Wong-wong mau lan anak-anake padha kawajiban jaga anak ing gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah, yaiku Dalem Tarub iku.
24 Para kang jaga gapura iku padha kapapanake madhep ing keblat papat, yaiku madhep ngetan, ngulon, ngalor lan ngidul.
25 Dene para sadulure kang padha manggon ing desa-desane, ing wektu-wektu kang wus katamtokake kawajiban lumebu nyambut gawe, suwene pitung dina bebarengan karo dheweke kabeh,
26 dene kepala jaga gapura kang papat mau kalungguhane tetep. Iku padha wong Lewi, kang rumeksa marang kamar-kamar lan barang-barang padalemaning Allah.
27 Wong iku padha nginep ing sakiwa-tengene padalemaning Allah mau, sabab padha tanggung-jawab ing bab pajagan lan kawajiban ngengakake lawang saben esuk.