1 Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing nagara Babil, rawuh ing kutha Yerusalem lan ngepang kutha iku.
2 Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda mau banjur kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane dalasan saperanganing prabote padalemaning Allah. Kabeh iku dibekta menyang ing tanah Sinear, menyang ing kabuyutaning dewane.
3 Sang Prabu banjur dhawuh marang Aspenas, kepalaning punggawa kraton, supaya nyowanake wong Israel sawatara, kang kagolong turuning ratu lan tedhaking ngaluhur,
4 yaiku para nonoman kang tanpa cacad, kang bagus rupane, kang kadunungan kawicaksanan mawarna-warna, kang sugih kabisan sarta kang kadunungan pangreten bab kawruh, apadene kang padha sembada ngabdi ana ing kadhatone Sang Prabu, banjur padha kawulanga nulis tuwin basane wong Kasdim.