Dhaniel 10 JAV

Wahyu marang Nabi Dhaniel ana ing sapinggiring bengawan Tigris

10:1--11:1

1 Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia, ana pangandika kang kawedharake marang Sang Dhaniel kang asma Beltsazar; pangandika iku sanyata lan mratelakake bab karubedan kang gedhe. Panjenengane mangretos marang pangandika mau sarta migatosake marang wahyu iku.

2 Ing nalika iku aku, Dhaniel nglakoni prihatin telung minggu:

3 ora mangan pangan kang enak, cangkemku ora klebon daging lan anggur sarta aku ora nganggo lenga jebad nganti sapundhate telung minggu mau.

4 Ing dina kang kaping patlikur ing sasi kapisan, nalika aku ana ing sapinggire kali gedhe, yaiku kali Tigris,

5 aku ndengengek sumurup ana priya ngagem pangageman lena lan paningset emas saka ing Ufas.

6 Sarirane kaya sesotya Tarsis sarta pasuryane kaya cahyaning kilat; paningale kaya obor murub; astane lan sampeyane gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikane kaya gumuruhe wong akeh.

7 Mung aku dhewe, Dhaniel, kang ndeleng wahyu iku, wong liyane kang padha bebarengan karo aku, padha ora sumurup; mung bae iku padha ketaman ing pagiris kang banget, satemah padha lumayu ndhelik;

8 dadine aku mung kari ijen.Nalika aku ndeleng wahyu kang gedhe mau, aku banjur koncatan kakuwatanku kabeh; aku dadi pucet banget lan lemes.

9 Aku nuli krungu swantening pangandikane iku, aku banjur tiba kerungkeb ora eling.

10 Nanging tumuli ana asta kang ndemek aku, aku ditangekake, temah aku krengkangan kalawan dhengkul lan tanganku.

11 Aku dipangandikani mangkene: “Dhaniel, kowe iku wong kang kinasihan, gatekna apa kang dakkandhakake marang kowe iki, ngadega, awit aku iki diutus marani kowe.” Bareng aku dipangandikani mangkono iku, aku nuli ngadeg kalawan gumeter.

12 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku.

13 Panggedhene karajan Persia iku nglawan marang aku lawase selikur dina; nanging Sang Mikhael, sawijining panggedhe kang pinunjul, iku rawuh mbiyantu aku, nuli daktinggal ana ing kana nalika lagi ajeng-ajengan karo para rajane wong Persia.

14 Aku banjur mrene prelu aweh sumurup marang kowe bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu besuk ing dina wekasan, amarga wahyu iki iya tumuju marang jaman kang bakal kelakon.”

15 Nalika bab iki dipangandikakake marang aku, aku tumungkul kalawan njenger.

16 Nanging tumuli ana kang ndemok lambeku, kang sawangane kaya manungsa; aku banjur mbukak cangkemku lan wiwit celathu, matur marang kang jumeneng ana ing ngarepku iku: “Dhuh Bendara, margi saking wahyu punika kawula lajeng ngraos sakit saha boten kadunungan kakiyatan malih.

17 Nanging kadospundi dene kawula, ingkang abdi kok saged wawan rembag kaliyan Bendara kawula, mangka kawula sampun boten gadhah kakiyatan malih saha sampun boten wonten ambekan kawula?”

18 Panjenengane kang sawangane kaya manungsa iku tumuli ndemek aku maneh lan paring kakuwatan marang aku,

19 kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”

20 Tumuli pangandikane mangkene: “Apa kowe mangreti sababe anggonku nekani kowe? Sadhela engkas aku arep bali arep perang nglawan panggedhening wong Persia lan sawuse rampung kalawan dheweke iku, panggedhening nagara Yunani bakal teka.

21 Ewadene kowe bakal daksumurupake marang apa kang katulisan ana ing Kitabing Kabeneran.Ora ana kang bakal mbiyantu aku kalawan ati kang teguh nglawan wong-wong mau, kajaba panggedhemu Sang Mikhael,

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12