1 Nalika ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Dharius, putrane Sang Prabu Ahasyweros trah Medhia, kang wus jumeneng ratu ana ing karajane bangsa Kasdim,
2 ing taun kapisane anggone jumeneng nata iku, aku, Dhaniel, niti-priksa ana ing kumpulan Kitab, cacahing taun, kang manut pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yeremia bakal kelakon tumrap tumpukan gempurane kutha Yerusalem yaiku pitung puluh taun.
3 Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu.
4 Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.
5 Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;
6 kawula sami boten mbangun miturut dhumateng para abdi Paduka, para nabi ingkang sampun sami nglairaken pangandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, para pangageng kawula, para leluhur kawula tuwin dhateng sabangsa ing nagari sadaya.
7 Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.
8 Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka.
9 Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun,
10 tuwin sami boten mirengaken swantening Sang Yehuwah, Allah kawula, ingkang dhawhuh dhumateng kawula sadaya supados gesang miturut pepaken ingkang sampun kaparingaken dhumateng kawula sadaya lumantar para nabi, abdinipun.
11 Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.
12 Punapadene Panjenenganipun sampun netepi pangandikanipun, ingkang kaparingaken tumrap kawula sadaya saha tumrap para ingkang sami sampun ngereh kawula sadaya, inggih punika bilih Panjenenganipun badhe ndhawahaken bilai ingkang ageng dhateng kawula sadaya, ingkang dereng nate kalampahan wonten ing sagandhaping langit sadaya, kados ingkang sampun kalampahan wonten ing Yerusalem.
13 Kadosdene ingkang kaseratan wonten ing Kitab Toretipun Nabi Musa; bilai punika sadaya sampun tumempuh dhateng kawula sadaya, dene kawula boten sami nyuwun sih-piwelasing Sang Yehuwah, Allah kawula, kanthi patrap nilar sakathahing kalepatan kawula sadaya saha migatosaken dhateng kaleresan ingkang saking Paduka.
14 Awit saking punika Pangeran Yehuwah nyadhangaken bilai punika saha lajeng kadhawahaken dhateng kawula sadaya; awit Pangeran Yehuwah, Allah kawula punika adil ing sadaya pandamel ingkang katindakaken, ewasamanten kawula sami boten mirengaken swantenipun.
15 Milanipun, dhuh Pangeran, Allah kawula, ingkang sampun ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir kalayan asta ingkang kiyat, saha damel misuwuring asma Paduka, kados ing dinten punika, kawula sampun sami damel dosa, kawula sampun sami nglampahi duraka.
16 Dhuh Pangeran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem, kitha Paduka, redi Paduka ingkang suci; awit margi saking dosa kawula sadaya saha margi saking kalepatanipun para leluhur kawula, Yerusalem tuwin umat Paduka sampun dados cacad tumrap sadaya tiyang ing sakiwa-tengen kawula.
17 Milanipun, dhuh Allah kawula, mugi karsaa midhangetaken pandonga sarta panyuwunanipun abdi Paduka punika, saha mugi karsaa nyunari pasucen Paduka ingkang sampun risak punika kaliyan wedana Paduka, awit saking Paduka piyambak.
18 Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.
19 Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka!”
20 Sajrone aku matur lan ndedonga sarta ngakoni dosaku apadene dosane bangsaku, bangsa Israel, tuwin ngunjukake panyuwunanku tumrap gununge suci Allahku marang ing ngarsaning Sang Yehuwah Allahku,
21 sajrone munjuk ing sajrone pandonga iku, Sang Gabriel mabur kalawan rikat murugi aku, yaiku panjenengane, kang wus dakdeleng ing sajroning wahyu kang dhisik nalika nyaosake kurban sore.
22 Aku diparingi piwulang lan dipangandikani mangkene: “Dhaniel, tekaku saiki iki prelu menehi akal-budi marang kowe supaya ngreti.
23 Nalika kowe wiwit ngaturake panyuwunan, ana pangandika kang kawiyos, aku banjur teka prelu aweh sumurup marang kowe bab iku, awit kowe iku banget kinasihan. Mulane pangandika iku gatekna sarta wahyu iku titenana!
24 Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.
25 Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.
26 Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.
27 Ratu mau bakal damel aboting prajanjian iku tumraping wong akeh lawase pitung mangsa. Ing tengah-tengahing pitung mangsa iku panjenengane bakal nguwisi kurban sembelehan lan kurban dhaharan; juru pangrusak banjur bakal teka kalawan swiwining kanisthan, nganti karusakan kang wus katetepake tumempuh marang kang ngrusak mau.”