1 Sang Prabu Belsyazar ndamelake bujana gedhe marang para panggedhe, abdine, cacahe wong sewu; lan sajrone kaadhep dening wong sewu iku panjenengane ngunjuk anggur.
2 Nalika lagi ngematake raosing anggur iku Sang Prabu Belsyazar dhawuh ngajokake piranti-piranti emas lan salaka kang wus kapundhut dening Sang Prabu Nebukadnezar, kang rama, saka ing Padaleman Suci ing Yerusalem, kagem ngunjuk dening Sang Prabu lan para panggedhe, abdine, para garwane padmi tuwin garwane ampeyan Sang Prabu.
3 Piranti emas lan salaka, kang kapundhut saka ing Padaleman Suci, Padalemaning Allah ing Yerusalem iku banjur padha kaajokake sarta kagem ngunjuk dening Sang Prabu, dening para panggedhe, abdine tuwin para garwane Sang Prabu kang padmi lan kang ampeyan;
4 anggone ngunjuk anggur iku kambi memuji marang dewa-dewa emas lan salaka tuwin tembaga sarta wesi apadene kayu lan watu.
5 Padha sanalika katon ana driji-drijining tangan manungsa kang nulis ing labure temboking kadhatone Sang Prabu adu-arep karo padamaran, sarta Sang Prabu mirsa kurebing tangan kang lagi nulis iku.
6 Sang Prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos; ros-rosaning wentis dadi lemes, sarta gathik-gathik jengkune.
7 Sang Prabu nuli dhawuh kalawan sora, supaya para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha kasowanake, Sang Prabu ngandika marang para wong wicaksana ing Babil iku: “Saben wong kang bisa maca tulisan iki lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, iku bakal dipanganggoni wungu, lan dikalungi rante emas apadene bakal kadunungan pangwasa, dadi wong katelu ana ing karajaningsun.”
8 Nanging sakehing wong wicaksana, abdine Sang Prabu kang wus padha sowan iku, padha ora saguh maca tulisan mau lan ora saguh ngunjukake maknane marang Sang Prabu.
9 Bareng mangkono panggalihe Sang Prabu Belsyazar kejot banget sarta banjur dadi pucet; para panggedhe, abdine iya padha kaget.
10 Awit saka pangandikane Sang Prabu lan para panggedhe, abdine mau, Sang Prameswari Ibu banjur tindak lumebet ing gedhong papaning bujana. Sang Prameswari Ibu tumuli ngandika: “Dhuh Sang Prabu, muga langgenga kasugengane! Ciptaning panggalih aja nganti ndadekake kejot lan aja dadi pucet;
11 awit ing karajane Sang Prabu ana wong kang kapenuhan ing rohe para dewa kang suci! Nalika jamane rama dalem wong iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang kaya kawicaksanane para dewa. Iku wus kawisudha dening Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem, dadi tetindhihe para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum,
12 amarga wong iku kadunungan roh kang linuwih lan kawruh sarta akal-budi, satemah bisa nerangake impen, narbuka bab-bab kang winadi sarta bisa ngudhar reruwed, yaiku Dhaniel kang kaparingan jeneng Beltsazar dening Sang Prabu. Mulane Dhaniel iku katimbalana saiki, mengko mesthi bakal mratelakake maknane!”
13 Sang Dhaniel banjur kasowanake marang ing ngarsane Sang Prabu. Sang Dhaniel kadangu dening Sang Prabu: “Apa sira iku Dhaniel, salah sijine wong boyongan saka ing tanah Yehuda, kang kaboyong dening Sang Prabu, ramaningsun?
14 Ingsun wus midhanget bab sira, manawa sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci, lan manawa sira iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang pinunjul.
15 Para wong wicaksana, para juru gendam wus padha kasowanake marang ing ngarsaningsun, supaya padha macaa tulisan iki lan ngunjukake maknane tembung iku.
16 Nanging tumrap sira ingsun wus midhanget, manawa sira bisa ngunjukake makna lan bisa ngudhar reruwed. Awit saka iku, manawa sira bisa maca tulisan iku lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, sira bakal kapanganggonan wungu sarta gulunira bakal kinalungan rante emas, lan ana ing karajan kene sira bakal nduweni pangwasa, dadi wong kang katelu.”
17 Sang Dhaniel nuli munjuk marang Sang Prabu: “Ganjaranipun gusti kawula punika mugi kaendhegna kemawon, peparingipun gusti kawula punika kaparingna dhateng tiyang sanes! Sanadyan makaten kawula badhe maos seratan punika kagem Sang Prabu saha ngunjukaken maknanipun dhumateng gusti kawula.
18 Dhuh gusti kawula Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, sampun maringaken pangwaos jumeneng ratu, kaagungan, kamulyan lan kaluhuran dhumateng Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem.
19 Tuwin margi saking kaagungan ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenenganipun punika, mila para tiyang saking sadaya bangsa, suku-bangsa saha basa sami ajrih saha gumeter wonten ing ngarsanipun; panjenenganipun mejahi sinten ingkang dipun karsakaken, paring kaluhuran dhateng ingkang dipun karsakaken saha nglorod sinten ingkang dipun karsakaken.
20 Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun.
21 Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.
22 Nanging gusti kawula, Sang Prabu Belsyazar, ingkang putra, boten ngesoraken dhiri, sanadyan gusti kawula nguningani punika sadaya.
23 Gusti kawula ngegungaken dhiri wonten ing ngarsanipun Ingkang Kuwaos wonten ing swarga: Pirantosing Dalemipun kaladosaken dhumateng ing ngarsa dalem, gusti kawula kaliyan para pangageng abdi dalem, para garwa dalem ingkang padmi saha ingkang ampeyan lajeng sami ngunjuk ngagem pirantos punika; gusti kawula memuji dhateng dewa-dewa salaka lan kencana, tembagi, tosan, kajeng saha sela, ingkang boten saged ningali, mireng utawi mangretos, sarta gusti kawula boten ngluhuraken Gusti Allah, ingkang ngregem napas dalem saha nemtokaken margi-margi dalem.
24 Awit saking punika Panjenenganipun lajeng ngutus kurebing tangan punika kadhawuhan nyerat seratan punika.
25 Wondene ungeling seratan ingkang kaserat punika makaten: Mene, mene, tekel ufarsin.
26 Saha maknaning tembung-tembung punika makaten: Mene: wekdal paprentahanipun gusti kawula sampun kaetang dening Gusti Allah saha sampun dipun pungkasi.
27 Tekel: gusti kawula dipun timbang mawi traju lan pinanggihipun kenthengen;
28 Peres: karajan dalem kapecah tuwin kaparingaken dhateng bangsa Medhia saha Persia.”
29 Terang dhawuh timbalan dalem Sang Prabu Belsyazar, Sang Dhaniel banjur diagemi pangageman wungu lan janggane kaageman sang-sangan rante emas apadene tumuli kaundhangake, manawa panjenengane bakal dadi kang ngasta pangwaos kang katelu ana ing karajan.
30 Ing bengi iku uga Sang Prabu Belsyazar, ratuning wong Kasdim iku kasedanan.