1 Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia, ana pangandika kang kawedharake marang Sang Dhaniel kang asma Beltsazar; pangandika iku sanyata lan mratelakake bab karubedan kang gedhe. Panjenengane mangretos marang pangandika mau sarta migatosake marang wahyu iku.
2 Ing nalika iku aku, Dhaniel nglakoni prihatin telung minggu:
3 ora mangan pangan kang enak, cangkemku ora klebon daging lan anggur sarta aku ora nganggo lenga jebad nganti sapundhate telung minggu mau.
4 Ing dina kang kaping patlikur ing sasi kapisan, nalika aku ana ing sapinggire kali gedhe, yaiku kali Tigris,
5 aku ndengengek sumurup ana priya ngagem pangageman lena lan paningset emas saka ing Ufas.
6 Sarirane kaya sesotya Tarsis sarta pasuryane kaya cahyaning kilat; paningale kaya obor murub; astane lan sampeyane gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikane kaya gumuruhe wong akeh.
7 Mung aku dhewe, Dhaniel, kang ndeleng wahyu iku, wong liyane kang padha bebarengan karo aku, padha ora sumurup; mung bae iku padha ketaman ing pagiris kang banget, satemah padha lumayu ndhelik;