16 satemah ratu kang nempuh bakal tumindak sawenang-wenang, lan ora ana wong siji-sijia kang bisa nandhingi; iku bakal ngejegi Tanah Endah, lan bakal dikwasani babar pisan.
17 Sawuse mangkono bakal banjur ngudi bisane ngwasani karajane wong liyane iku kabeh, tuwin bakal nganakake prajanjian karo dheweke, anake wadon diwenehake kanggo ngrusak karajan iku, nanging sedyane mau ora bisa kasil lan ora bakal njalari kauntungane.
18 Sawuse mangkono banjur nglurugi tanah-tanah pasisir, lan akeh kang bakal karebut; nanging bakal ana sawijining panggedhe prajurit kang nguwisi anggone gawe wirang iku, malah bakal genti gawe wirange ratu mau.
19 Nuli bakal nglurugi kutha-kutha beteng ing nagarane dhewe, nanging bakal kesandhung lan tiba, banjur wus ora katemu maneh.
20 Anadene kang bakal nggenteni iku wong kang kongkonan juru mupu-beya ana ing wilayah perangane karajan kang endah dhewe, nanging let sawatara dina ratu mau bakal kasirnakake ora marga saka bebendu utawa perang.
21 Banjur digenteni dening wong kang asor, kang ora kadunungan kaluhuraning ratu; nanging ora kanyana-nyana wong iku dumadakan teka lan ngrebut karajan mau kalawan patrap culika.
22 Wadya-bala kang teka lan mbanjiri bakal diesatake tuwin disirnakake ana ing ngarepe, malah uga ratu sekuthone.